Asslamualaikum Wr. Wb.
Ibu kepala
sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan,
rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta
hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing sekolahan kangge
ngawontenanken perpisahan.
Bapak/Ibu guru
ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri
siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha
sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget
ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti
pikantuk surat tandha tamat blajar.Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh
wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten
pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.
Bapak ibu
tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula tresnani. Sakedhap malih
kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur
kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan
kedah mekakaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken
Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanajan sampun perpisahan
ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados
taksih celak ing pengasih.
Pawiyatan
ingkang sampun metahun- tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula
sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi
kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan,
punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.
Kula sarencang
kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan
ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi
adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.
Mboten kantun
ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha
Agung, supados Bapak/Ibu Guru saha adik adik pikantuk nikmateng pangeran
wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Kulo kinten
mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming
tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik.
Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk
pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang
mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan
pangetosan ingkang sampun tinampi.
Mbok menawi
wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo
minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar